Sabtu, 05 November 2011

Serat Wulangreh

۞.Serat Wulangreh Oleh Sri Mangkunegoro IV Mingkar – mingkur ing angkara Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih Kretarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah Jawa Agama ageming aji Jinejer neng Wedhatama Mrih tan kemba kembanganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Yen tan mikani rasa Yekti sepi asepa lir sepah samun Samangsane pakumpulan Ganyak-ganyuk nglelingsemi Nggugu karsane priyangga Nora nganggo paparah lamun angling Lumuh ingaran balilu Uger guru aleman Nanging janma ingkang wus waspadeng semu Sinamun ing samudana Sesadon ingadu manis. Si Pengung nora nglegewa Sangsayarda denira cacariwis Ngandhar-andhar angendhukur Kandane nora kaprah Saya elok alangka lokanganipun Si Wasis waskitha ngalah Ngalingi marang si Pingging. Mangkono ngelmu kang nyata Sanyatane mung weh reseping ati Bungah ingaranan cubluk Sukeng tyas yen den ina Nora kaya si punggung anggung gumunggung Ugungan sedina-dina Aja mangkono wong urip. Uripe sapisan rusak Nora mulur nalare ting saluwir Kadi ta guwa kang sirung Sinerang ing maruta Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung Pindha padhane si mudha Prandene paksa kumaki. Kikisane mung sapala Palayune ngendelken yayah-wibi Bangkit tur bangsaning luhur Lah iya ingkang rama Balik sira sarawungan bae durung Mring atining tata-krama ngGon-angon agama suci. Socaning jiwangganira Jer katara lamun pocapan pasthi Lumuh kasor kudu unggul Sumengah sesongaran Yen mangkono kena ingaran katungkul Karem ing reh kaprawiran Nora enak iku kaki. Kekerane ngelmu karang Kakarangan saking bangsaning gaib Iku borfeh paminipun Tan rumasuk ing jasad Amung aneng sajabaning daging kulup Yen kapengkok pancabaya Ubayane mbalenjani Marma ing sabisa-bisa Babasane muriha tyas basuki Puruita-a kang patut Lan traping angganira Ana uga angger ugering kaprabun Abon-aboning panembah Kang kambah ing siyang ratri. Iku kaki takokena Marang para sarjana kang martapi Mring tapaking tepa tulus Kawawa nahen hawa Wruhanira mungguh sajatining ngelmu Tan pasthi neng janma wredha Tuwin mudha sudra kaki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar